Samba Juwing Poem by Ahmad Shiddiqi

Samba Juwing

rina wengi ngengleng lara asmara
saka bangeting nandang branta lan kangen
nora nate ketemu adoh kang den antu
ana ing njero bumi Praja Trajutrisna
sawijining wengi rembulane ndhadhari
padang jingglang sang bayu sumilir
lintange mencorong kaya sunaring Hyang Rawi
ing tengahing pendhapa kasatriyan
sang binagus ngadheg dhewekan
ngalamun panyawange adhoh
dumadakan karawuhan wanodya ayu
alus manuhara pangandikanira
gelem sabiyantu nemokake
karo pujaning ati impening rasa
kareben klakon nyunthak sih tresna
nanging kudu saguh mlaku ngarep
tan kena ndeleng mburi
kocaping carita klakon lumaku
mlebu guwa ngener mangisor
peteng ndhedhet lelimengan
mboko sethithik murup cahya
saya suwe saya padhang
sang satriya ngungun ing penggalih
boya apa sababe bisa kaya mangkono
lali karo wewalere banjur noleh mburi
nyumurupi ana wanita nglegena
duka yayah sinipi nuli disepatani
dumadakan peteng maneh
sang anom nerusake jumangkah
nrabasa tumuju Taman Sari
pungkasane pinanggih kang den galih
sak nalika padha rerangkulan
ngesok kabeh prentuling asmara
pepasihan lali marang kawaspadan
wis tekan jantraning mangsa
konangan ingkang garwa
den juwing juwing kuwandanira
sirna marga layu njrebabah ing bantala
kena kanggo piwulang ing bebrayan agung
sapa wae kang wani ngrusak pager ayu
kudu ketaman paukuman ingkang abot sanggane

COMMENTS OF THE POEM
READ THIS POEM IN OTHER LANGUAGES
Ahmad Shiddiqi

Ahmad Shiddiqi

Semarang, Central Java, Indonesia
Close
Error Success