manuk deruk mesem ngujiwat
marang prawan kencur
godhong pelem kumleyang
nggawa kangene ati
nimas Pujiningtyas wis adus
banjur nganggo klambi jarik lurik
kembang mlathi rinonce
siyaga mapag srengenge wayah ketiga
kanca niyaga nabuh gamelan Slendro
lintange nembang Sinom Parijatha
kidang kencana mlayu kaya thathit
ngubengi peturone Wara Sembadra
sepur jurusan Surabaya mlaku
ing ndhuwure samudra
padange kaya oncor
layang asmara ditulis
kanthi anteping tekad
wangi cendana
mumbul ing antariksa
This poem has not been translated into any other language yet.
I would like to translate this poem