Serat Ruwat Bawana Poem by Ahmad Shiddiqi

Serat Ruwat Bawana

tathit cumlorot
sakselaselaning mega
sindung riwut nyikep raket
taman argasoka
pedhut anggendanu
ngebaki kawah candradimuka
siyunge naga baginda
tansah nggayuh pati
bantala horeg ana lindu
sedina ping pitu
geni sak gumuk mubal
ngejur kurusetra
turangga dwipangga
keplayu kagila kagila
kocapa sang binagus
mengagem sarwa wilis
ngadeg saluku tunggal
aneng tengahing jaladri
ngeningaken cipta
nutup babahan hawa sanga
hamemuji ngarsaning
ingkang akarya bawana
mugia enggal pulih
kadya wingi uni
tirta amerta gumrujug
saking akasa
saknalika adem
tentrem sedaya

COMMENTS OF THE POEM
READ THIS POEM IN OTHER LANGUAGES
Ahmad Shiddiqi

Ahmad Shiddiqi

Semarang, Central Java, Indonesia
Close
Error Success