Medal ing wayah lingsir
Sumribit ron katiup gumrisik
Tetamaning pandonga
Paes bunder ningali wulan
Wulan emas nyadhong wuyung
Lumampah ing wayah dalu
Nyenyet kawung galih
Sunar tumetes dados embun
Sinagrak netra peksi nglilir
Ing pawitan inggil
Kalipet swiwi nggigil
Ngibasaken sukma
Gugur ron gugur
Abadi ing pangeling-eling
Paras wulan emas
Toya netesing pangarasan
(2014)
This poem has not been translated into any other language yet.
I would like to translate this poem