Kawulaning Gusti gandrung nir ngunjuk anggur
Kawulaning Gusti tuwuk nir ngersaaken dhahar
Kawulaning Gusti mamring kecalan margi
Kawulaning Gusti nir dhahar nir sare
Kawulaning Gusti panditoning ratu kanthi ageman kere
Kawulaning Gusti bondho ing reruntuhaning puing-puing
Kawulaning Gusti mboten saking howo lan siti
Kawulaning Gusti mboten saking geni lan toya
Kawulaning Gusti samudro tanpa wates
Kawulaning Gusti ngedalaken manik-berlian tanpa mendung
Kawulaning Gusti gadhah maewu rembulan langit
Kawulaning Gusti gadhah maatus srengenge
Kawulaning Gusti wicak sakmawis panandang
Kawulaning Gusti lelono mboten kanthi kitab
Kawulaning Gusti ing sakjabaning kafir
Kawulaning Gusti suwung megatruh
Kawulaning Gusti tansah nglilir tugur wekdal dalu
Kawulaning Gusti primpen kasimpen, Shams-i din
Kawulaning Gusti: monggo sinauso pun padosi!
This poem has not been translated into any other language yet.
I would like to translate this poem