Kupu-Kupu Lelamunan (Javanese) Poem by Imam Setiaji Ronoatmojo

Kupu-Kupu Lelamunan (Javanese)



Maos Kompas ing gagat rahino
Nemu pawartos cekak aos
Politikus mejang pragmatisme
Ora sida kewaos
Teh anget cumepak
Samubarang tansah angler
Menep ing kasajatosan
'Urip iku mono kudu ngati-ati'
Mangkono biyen bapak suwargi andika
Eling pawitaning makarya
Kathah godha rencana
Awitaning sakjroning karamean
Sumarah pamejanganipun
Kajagi saking bebendu
Kanthi sarana tresna 
Tan kena pedhot
Nur ing sakjroning nadi
Mangertos sakderengipun winarah
Bapak suwargi mejang intuisi
Manah ingkang bidhal ngrumiyini
'Maos opo nang Kompas? '
Mangkono sisihanku medhot panglamunan
'Iki bu, rumahnya Tri Mumpuni'
Griya aktivis kang indah ing panyawang
Kupu-kupu kesasar ing kaca pangilon

(2014)

Saturday, April 19, 2014
Topic(s) of this poem: art
COMMENTS OF THE POEM
READ THIS POEM IN OTHER LANGUAGES
Close
Error Success