Durna Sirna Poem by Ahmad Shiddiqi

Durna Sirna

pancabakah wus kawiwitan
pating jlegur kaya arka jeblug
mambu amis getih nduleg irung
akehing kunarpa mblasah
kaya babadan pacing
padha mbengok ngaruwara
mlayu sipat kuping
salah tunjang rebut ducung
pindha gabah den interi
pedhut lelimengan
ngregem panduluning
pra prajurit Pendhawa
wong tuwa sekti mandraguna
ngamuk kaya bantheng ketaton
nggereng mencolot trengginas
kaya macan loreng sak kebo
metu saka alas Krendhawahana
ora tedhas tapak paluning pandhe
sisaning gurindha landeping trisula
lanciping tumbak lan ampuhing keris
ora kuwawa nyuwil utawa nyowek
kulite Sang Senapati Kurawa
saka kadohan katon gajah ngegla
tapaking nrajang nrabasa
satriya gedhe pideksa nyedhaki
nyegat solah bawahe kang nggegirisi
den kepruk gadha njrebabah saknalika
alok alok yen wus kasil merjaya
Sang Pendhita krungu wong nyuwara sora
atinira nratab ngira kang wus pralaya
iku atmaja ingkang banget den tresnani
jenenge meh padha
banjur nggoleki Ratu pinercaya
takon sapa kang sejatine wus seda
merga suda rungu wis tuwa
rumangsane kang mati iku putranira
saknalika lemes otot bebayune
nglokro tandhange pepes ngenes atine
panah karo pedhang den buwang
sak kabehing gegaman den selehake
meneng trus sedakep mesu cipta
dumadakan ana pedhang kumlewang
ngener gulunira
tugel thel saknalika
gumlundhung mustaka
ana nduwuring bantala
wus ngundhuh wohing karma
wong pinter kang tumindak durjana

COMMENTS OF THE POEM
READ THIS POEM IN OTHER LANGUAGES
Ahmad Shiddiqi

Ahmad Shiddiqi

Semarang, Central Java, Indonesia
Close
Error Success