Raden Gatutkaca kumembeng ing luh
mawas kunarpane adhi kang banget ditresnani
atine kaya di obong ing Kawah Candradimuka
sakojur awak iku dijuwing juwing karo pedang lan panah
rupa kang bagus wis malih gudras getih
getih kang nelesi bantala Kurusetra
Kurusetra nandang duhkita amarga wis kelangan
salah sawijine prajurit kang setya ing janji
janji mbelani laku utama lan suwita marang wung tuwa
Kaki Semar nangis ngguguk karo nyekel tangane sang satriya
ndara ndara mesakke temen anggonmu seda kaya ngene
heh wong wong Kurawa entenana piwalese ndaraku Pendawa!
Kembang Wijaya Kusuma manglung
Gamelan Lokanantha nyuwara Megatruh
mugio dadi tuladha para mudha
ngrungkebi bumi pertiwi
nganthi wutahing ludira
pecating nyawa
mlebu suwarga
This poem has not been translated into any other language yet.
I would like to translate this poem